Minggu, 27 Februari 2011

Jin Makhluk Allah

             Allah SWT Dzat Ingkang Maha Agung .  Gusti Allah sampun  nyiptakaken maneka warna makhluk saking di ngerteni manungsa dumugi mboten. Gusti Allah nyiptakaken menapa kemawon ingkang  dipun kepengenaken kanthi ngucap  "KUN". Menika salah satunggalipun tanda keagungan-Nipun.
            Jin inggih menika salah satunggalipun saking sak  kathahing  ciptaan Allah. Carita babagan jin  sampun kacantum ing Al-Qur`an ing mapinten-pinten serat (ancawisipun: Al-An`am, Al-A`raf, Al-Jin lsp). jin inggih menika makhluk ingkang Allah damel saking geni (QS 55 : 15). Kawontanane mboten saged dipun deleng dening  manusia (QS 7 : 27).
            Jin ing sadina-dinane nduweni pola urip padha kaliyan manungsa.  Onten ingkang sae, nggeh onten ingkang ala (QS 72 : 11). Jin urip sajejer kaliyan manungsa, mila niku, potensi  konflik bakalane kadadean.  Luwih-luwih wontenipun setan saking  kalangan jin, ngganggu manungsa dados misi utamane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar