Rabu, 09 Maret 2011

Pacelathon


Bu Guru : “ir,kapan nggonmu maju lomba maca geguritan ?” 


Ira : “Mbenjing Kamis, tigang dinten malih.”

Bu Guru : “Kowe apa wis latihan?”

Ira : “Sampun, Bu. Kirang sepisan malih.”

Bu Guru : “Sing nglatih apa sih Bu Endang guru kelas enem.”

Ira :“Inggih. Bu Endang punika menawi nglatih tlatos sanget. Kejawi punika menawi paring tuladha maos geguritan sae sanget.”

Bu Guru : “Iya.Wiwit dhek sekolah biyen Bu Endang iku wis kerep dadi juara 1 maca geguritan.

Ira : “Punapa Panjenengan rumiyin kancanipun Bu Endang ?"

Bu Guru : “Iya.Mula aku ngerti."

Ira : “Kula Kepengin kados Bu Endang punika."

Bu Guru :“Iya.Tak dongakne bisa kelakon karepmu. Wiwit saiki latihan sing luweh sregep maneh."

Ira : “Inggih Bu. Matur nuwun." 

Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat


Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat atau Keraton Yogyakarta merupakan istana resmiKesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat yang kini berlokasi di Kota YogyakartaDaerah Istimewa YogyakartaIndonesia. Walaupun kesultanan tersebut secara resmi telah menjadi bagian Republik Indonesia pada tahun 1950, kompleks bangunan keraton ini masih berfungsi sebagai tempat tinggalsultan dan rumah tangga istananya yang masih menjalankan tradisi kesultanan hingga saat ini. Keraton ini kini juga merupakan salah satu objek wisata di Kota Yogyakarta. Sebagian kompleks keraton merupakan museum yang menyimpan berbagai koleksi milik kesultanan, termasuk berbagai pemberian dari raja-raja Eropa, replika pusaka keraton, dan gamelan. Dari segi bangunannya, keraton ini merupakan salah satu contoh arsitektur istana Jawa yang terbaik, memiliki balairung-balairung mewah dan lapangan serta paviliun yang luas.[1]
Keraton Yogyakarta mulai didirikan oleh Sultan Hamengku Buwono I beberapa bulan pasca Perjanjian Giyanti di tahun 1755. Lokasi keraton ini konon adalah bekas sebuah pesanggarahan[2] yang bernama Garjitawati. Pesanggrahan ini digunakan untuk istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram (Kartasura dan Surakarta) yang akan dimakamkan di Imogiri. Versi lain menyebutkan lokasi keraton merupakan sebuah mata air, Umbul Pacethokan, yang ada di tengah hutan Beringan. Sebelum menempati Keraton Yogyakarta, Sultan Hamengku Buwono I berdiam di Pesanggrahan Ambar Ketawang yang sekarang termasuk wilayah Kecamatan Gamping Kabupaten Sleman[3].
Secara fisik istana para Sultan Yogyakarta memiliki tujuh kompleks inti yaitu Siti Hinggil Ler (Balairung Utara), Kamandhungan Ler (Kamandhungan Utara), Sri Manganti, Kedhaton, Kamagangan, Kamandhungan Kidul (Kamandhungan Selatan), dan Siti Hinggil Kidul (Balairung Selatan)[4][5]. Selain itu Keraton Yogyakarta memiliki berbagai warisan budaya baik yang berbentuk upacara maupun benda-benda kuno dan bersejarah. Di sisi lain, Keraton Yogyakarta juga merupakan suatu lembaga adat lengkap dengan pemangku adatnya. Oleh karenanya tidaklah mengherankan jika nilai-nilai filosofi begitu pula mitologi menyelubungi Keraton Yogyakarta.

OMAH JOGLO


Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo gaya arsitektur liya misale: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya umpamane sasono suko.
Umah adat Jawa sing esih lengkap lan nduwe nilai-nilai budaya Jawa yaiku sing nduwe 3 bagian bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan liya sing radha cilik lan posisine radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhewe ana dalem.
Umah neng desa-desa lan penduduk biasa umume bangunane tunggal lan dibangun nganggo gaya arsitektur dara gepak.

SERAT PRAJANJEN

SERAT PRAJANJEN

Ingkang tapak asma ing ngandhap menika :
Nama : Dwi Haryani

Padamelan : Wiraswasta
Alamat : Perumahan Indah Asri 06, Banguntapan
Minangka Pihak I

Damel prajanjen kaliyan :
Nama : Lathifah Melati
Padamelan :PNS
Minangka Pihak II
Pihak I kaliyan Pihak II ngawontenaken prajanjen, ingkang isinipun :
1. Griya ing Perumahan Indah Asri 06, Banguntapan dipuntumbas Pihak II kanthi regi Rp. 150.000.000,00 (satus seket yuta rupiah )
2. Nalika tanggal 23 Desember 2010, Pihak II nembe mbayar dhateng Pihak I kathahipun Rp. 100.000.000,00 (satus yuta rupiah ), dene kekiranganipun badhe dipuncicil dangunipun sewulan, wiwit tanggal 23 Desember 2010 ngantos tanggal 23 Januari 2011.
3. Menawi wonten prekawis ingkang dumados sadangunipun wekdal prajanjen, badhe karampungaken kanthi pasedherekan.
                                                                                      Kula

                 Pihak II                                                          Pihak I

                Lathifah                                                 Melati Dwi Haryani



                                                    Seksi

1. 
1.             1. Nora Septi Arini                                   2. Rahmat Zulfan Fauzi


Asmarandana

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima

Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira anuladha,
duk ing uni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama

Geguritan Jawa

PETENGING WENGI

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?